Omah Novel Jawa. Mbokmenawa... Omahe manungsa kapisan kuwi wujud jagad apepayon langit ajejogan lumahing bumi. Nalikane manungsane mratah, omahe alas gung apepayon roning mandira cagaking kayu-kayu tuwa, bisa uga ing lengkehing gunung njeroning guwa kangsirung.
Omah iku ana kaanakake ing lakuning wektu saukuran dhuwuring budaya kang anggerba. Pinakemake ing pangertene manungsa łan angoyot ing lak-lakaning laku, jangka jangkahing wektu, anggubet penemu anuntun marangtuju.
Omah, jagrag njegreg kang marentah, tan pengin ana tembung obah łan owah. Kudu kinudu ambebegeg. Lumiyat lir pambeksa rinakit ing tata, tan wiwang sakeng rasa.
Omah, amulat sarira nyawang kahanan sakiwatengen. Anundhung rubeda kang beda saka kitabing kandha. Amanca rupa tanpa kelangan warna. Angrangkul wiji tuwuh kang timbul, sambung sinambung ing sadawane laku.
Mbokmenawa... Srengenge tansah angetung wektu, jumedhul ing wayah esuk ing langit wetan, banjur lumaku angubengi bumi wayah rahina tumekeng suruping dina, banjur anyilem ing sungapaning wengi, makarya ing lumahing bumi kang beda, nganti bang-bang rahina tekaningdina liya.
Mbokmenawa… Becik aja mung banjur dheku-dheku amarikelu, amung niru łan maelu, jalaran kabeh ora mesthi kaya kang kasat ing mripat, ora mesthi padha kang kinandha.