Ibadhat Panutup - Completorium Basa Jawi

Buku & Alat Tulis > Buku Non-Fiksi > Agama & Filsafat > Ibadhat Panutup - Completorium Basa Jawi
  • Pengiriman Ekspres
  • Barang yang diperiksa
  • Bayar di tempat berlaku
  • Kualitas, Prestise
  • Pengembalian produk
  • Dukung pembuatan faktur

Detail Ibadhat Panutup - Completorium Basa Jawi

Sampun wiwit kina-makina ing Pasamuwan suci nggadhahi tradisi nyucèkaken wekdal ing saben dintenipun, ingkang limrah dipun lampahi mliginipun déning para biarawan lan klerus, kangge minulyaakan lan ngluhuraken gesang lan ugi nyuwun rahayuning bawana dhumateng Gusti, inggih menika kanthi nyembahyangaken complétorium minangka sembahyangan ibadhat panutuping dinten. Nami “complétorium” mawujud saking tembung basa Latin compléo utawi complétus ingkang suraosipun: mungkasi, ngebaki, nggenepi, utawi kagawa purna. Sembahyangan ibadhat complétorium ateges sembahyangan ibadhat ingkang dipunadani ing wanci dalu kanggé mungkasi dinten ingkang kalampah. Déné sembahyangan ibadhat complétorium menika, inggih donga pamungkasing dina, ing Liturgi Suci Katolik kalebet pérangan saking ibadah liturgi Ofisi (Officium Divinum) utawi asring kasebat Doa Brévir. Buku menika katerjemahaken saking buku ingkang migunakaken basa Indonesia kang asesirah Ibadat Penutup Completorium. Mugi buku sembahyangan menika saged dipun pigunakaken kinarya sarana lampah suci minangka jejering murid Dalem Gusti Yesus. Kados ingkang sampun kaserat ing dokumen Sacrosanctum Concilium, bilih ibadat ofisi suci mboten namung mligi kanggé para imam, frater lan suster, nanging ugi kanggé sedaya umat Katolik.

Gambar produk

Ibadhat Panutup - Completorium Basa Jawi
Ibadhat Panutup - Completorium Basa Jawi