Detail Buku Pinter Kawruh Basa Jawi Kangge SD - Mahasiswa
Buku pinter kawruh basa jawi menika mboten mligi ngrembag babagan prakawis dasar kayata paribasan, geguritan, unggah-ungguhing basa, aksara jawa, pepindhan, carita pewayangan, lan sapanunggalipun, ananging buku punika dipundamel supados bahasa Jawi tansah lestari wonten ing tengah-tengahing perkembangan jaman ingkang saben dintenipun ewah langkung kathah. Buku punika saged paring pambiyantu dhumateng siswa-siswi kaliyan sopo mawon ingkang badhe ngrewat lan ngudi nguri-uri khazanah budaya Jawi ingkang luhur tumut dinten niki, saenggo mugi budaya Jawi punika mboten ilang ngoten mawon amargi sampun mboten wonten tiyang ingkang ngudi lan ngrewat malih.
· Unggah-ungguh
· Bebasan
· Paribasan
· Sengkalan
· Pepindhan
· Salokan
· Parikan
· Cangkriman
· Wangsalan
· Wayang
· Puisi Jawa
· Hanacaraka
· Ensiklopedi Jawa
· Kawruh Liya-liya
· Tanggap Wacana
· Babagan Layang
Gambar produk
Buku Pinter Kawruh Basa Jawi Kangge SD - Mahasiswa